TUGAS PORTOFOLIO
NGANALISIS STRUKTUR TEKS NOVEL
Disusun oleh :
Kelompok 1
Kelas XI MIPA 6
SMA
NEGERI 1 PURBALINGGA
TAHUN
PELAJARAN 2015/2016
Anggota Kelompok :
1.
Alifah
Kanza W (02)
2.
Arfian
Ramadhan (04)
3.
Citraningrum
Putri K (08)
4.
Fariz
Rakhman H (10)
5.
Frida
Prasetyo U (13)
6.
Hilda
Carolina (16)
7.
Imam
Arifin (18)
8.
Laras
Ayu Respati (22)
9.
M.
Yosoef Gagah (25)
10.
Rival
Oktavian H (29)
11.
Salsabila
Felda M (30)
12.
Widyananda
Dyah W (34)
A.
Judul
Novel :
Minangka Tamba Kangen Maring Biyung
B.
Unsur
Intrinsik :
1.
Tema
Kabudayan
Jawi
2.
Tokoh/ paraga
- Eyang Secamenggala
- Rasus
- Darsun
- Warta
- Srinthil
- Sakarya
- Kartareja
- Sakum
- Nini Kertareja
- Santayib
- Bojone Santayib
- Nini Sakarya
3.
Watak
- Eyang Secamenggala : mbrandhal,
ora becik
Bukti :
Bukti
Eyang Secamenggala nduweni watak sing mbrandhal lan ora becik iku ana neng
kalimat “Eyang Secamenggala milih panggonan sepi nggo nutugna lakone sing mbrandhal.”
lan kalimat “... Eyang Secamenggala gemiyen wektu uripe dadi satrune
masyarakat.”
- Rasus :
ora sabaran, sugih akal
Bukti :
Bukti
Rasus nduweni watak sing ora sabaran lan sugih akale iku ana neng kalimat “Wis,
wis. Ko kabeh pancen tolol,” ujare Rasus sing wis ora sabar. Lan kalimat
“Ayuh padha deuyuhi baen bareng-bareng bedhogole. Angger ora teyeng
baen, ya pancen bajingan temenan,”
- Srinthil :
esih polos, ora teyeng meneng
Bukti :
Bukti
Srinthil nduweni watak sing esih polos lan oar teyeng meneng yaiku ana neng
kalimat “Ndeyan Srinthil dhewek urung paham tegese onen-onen parikan
kuwe.” Lan kalimat “Ketone Srinthil kayong ora kesel. Malah Srinthil njaluk
setengah meksa maring bocah telu...”
- Sakarya :
sayang maring putune, wicaksana
Bukti :
Bukti
Sakarya nduweni watak sing sayang maring putune lan wicaksana yaiku ana neng
kalimat “ Sakarya sing dadi kamituwa neng pedhukuhan mencil kuwe, esih
ngemut-emut polahe putune mau sore. Meneng-meneng Sakarya nggatekna
polahe Srinthil nalikane bocah kuwe ngibing neng ngisor wit nangka”
- Santayib :
Ngeyel, ora gampang percaya, cugetan
Bukti :
Bukti Santayib nduweni watak sing ngeyel, ora gampang percaya, lan
cugetan iku ana ing kalimat “Santayib tetep meneng. Ning dhadhane keton
munggah-medhun. Perang anatarane nepsu karo ati sucine selot udreg.” Lan
ing kalimat “Ora! Bongkreke inyong mokal ana racune. Banahe baen bungkil
sing garing. Ora kecampuran apa-apa. Bapane, rika aja aseng wong padha ngarani
sing ora-ora maring anake rika dhewek.”
4.
Alur
/ plot
Alur sing digunakake ing novel iki yaiku alur mundur. Amarga,
wonten bab niki nyritakaken kedadean saiki lan diterusaken kedadean nalika sewelas
tahun kepungkur pas Srinthil esih bayi.
5.
Latar
/ Setting
a.
Papan
/ panggonan
-
Dukuh
Paruk
-
Pinggir
pedhukuhan
-
Ngisor
wit nangka
-
Umaeh
Santayib
b.
Swasana
/ kahanan
-
Seneng
nalika wong-wong padha ngerti yeng ronggeng sing wis welasan taun ora ana siki
wis ana maning. Yaiku Srinthil sing dadi ronggeng.
-
Nelangsa
nalika wong-wong padha mati amarga keracunan bongkrek gaweane Santayib, bapake
Srinthil.
c.
Wektu
-
Mangsa
Ketiga
-
Jam
rolas wengi
-
Taun
1946
-
Bar
sandhekala
-
Wayah
sore
6.
Basa
a.
Majas
Novel
iki ora migunakake majas kanggo nyampekna isine.
b.
Tingkatan
Basa
Basa
sing dienggo ing novel iki yaiku Basa Jawa Banyumasan sing keton banget
ngapake.
7.
Pamawas
Pamawas
sing digunakake ing novel iki yaiku pengarang dadi wong ketelu sing dadi
pengamat kedadean ing Dhukuh Paruk.
8.
Pepeling
-
Aja
isin karo budhaya asli Banyumasan. Dhewek generasi sing esih enom kudu
nguri-uri kabudayan jawa khususe sing ana neng Banyumas ben ora ilang kehapus
neng jaman.
-
Kudu
ngati-ati yen migunakake barang. Aja nganti dhewek ora ngerti yen barang sing
deenggo kuwe ngandung racun lan teyeng ngundang pati.
C.
Unsur
Ekstrinsik :
1.
Nilai
Sosial
“Jan,
jangan bongkrek decampuri kecambah nggo lawuh sega pari bengawan, depangan
anget-anget. Apa inyong olih melu madhang neng umahe ko?” guyonane bojone
Santayib.
“Mesti
olih. Ayuh.”
Nilai
sosial sing kinandhut ing penggalan crita mau yaiku tangga teparo padha akrab
lan nduweni rasa kekeluargaan.
2.
Nilai
Moral
“Santayib,
ko kuwe pancen asu! Deleng, bokor kiye biru merga ana racune. Asu buntung! Ko
mateni kabeh wong. Ko pancen aaasssu...”
Nilai
moral sing kinandhut ing penggalan crita mau yaiku moral sing ala amarga
kebiasaaan wong Dhukuh Paruk saru gole ngomong.
3.
Nilai
Agama
“Ora bisa! Sapa sing ngerti kedadean kiye pancen pageblug. Sapa
sing ngerti kedadean kiye merga tulahe Eyang Secamenggala sing suwe ora
disajeni. Sapa sing ngerti!”
Nilai agama sing kinandhut ing penggalan crita mau yaiku esih
percaya karo hal-hal sing ghaib contone yaiku esih percaya maring arwahe Eyang
Secamenggala
4.
Nilai
Politik
Ora
ana nilai politik sing kinandhut ing novel iki
5.
Nilai
Ekonomi
Panganan apa baen derasakna enak merga bocah Dhukuh Paruk jane ora
tau wareg temenanan.
Nilai ekonomi sing kinandhut ing penggalan crita mau yaiku
wong-wong Dhukuh Paruk esih padha miskin, nggo mangan sedina-dinane ya mung
karo gaplek lan bongkrek.
6.
Nilai
Budhaya
Srapat
rai kenes-lenjeh sing dadi ciri-wancine ronggeng temenan, Srinthil ya teyeng
nirokna. Igel gulune, prilikan matene, malah carane Srinthil ngorag pundhak
teyeng gawe wong lanang dadi kapitentengan. Prawan kencur kaya Srinthil wis
teyeng niru polahe ronggeng sing wis dadi.
Nilai
Budhaya sing kinandhut jroning penggalan crita mau yaiku bocah cilik sing wis
teyeng ngibing banyumasan kaya ronggeng temenan.
7.
Nilai
Pendidikan
Kurang
kawruh pancen wis dadi ciri-wancine wong Dhukuh Paruk. Ning saora-orane wong
Dhukuh Paruk teyeng mikir nggoleti sebab anane pageblug sing gawe geger neng dina
kuwe.
Nilai
moral sing kinandhut jroning penggalan crita ing dhuwur yaiku wong-wong sih
esih kurang banget kawruhe amarga jarang ana wong sing sekolah.
D.
Sinopsis :
Srinthil kuwe sawijining bocah kang ayu
pisan neng Dukuh Paruk. Dhewekw putune Sakarya, bapake Srinthil arane Santayib.
Nalika Srinthil esih 5 wulan, wong Dukuh Paruk keracunan bongkrek sing digawe
Santayib. Akeh sing padha mati, ora kejaba bapak lan ibune Srinthil. Wiwit kue
Srinthil urip karo Sakarya lan nini Sakarya. Srinthil nduweni batir jenenge
Rasus, Warta, lan Darsun. Bocah 3 kue sing biasa ngiringi Srinthil ngibing neng
ngisor wit nangka.
Sawijining dina, Sakarya nggatekna
polahe Srinthil nalika lagi ngibing neng ngisor wit nangka. Sakarya ngandel
pisan, Srinthil wis kepanjingan indhang ronggeng. Sakarya banjur nemoni
Kertareja, dukun ronggeng neng Dhukuh Paruk. Sakarya crita sing gawe bombong
ati, Dhukuh Paruk pancen wis welasan taun langka ronggenge. Dhukuh Paruk tembe
pepek genep angger neng kana ana kramate Eyang Secamenggala, ana omongan saru,
detambah ana ronggeng karo calunge sisan. Adate wong Dhukuh Paruk calon
ronggeng kudu dipasrahna banjur dadi anak akon-akone bapa-biyung dhukun, mula
Srinthil dipasrahna maring Kartareja.
Neng umur sewelas, Srinthil dadi
delengan wong akeh sing ngalem maring ayune Srinthil. Neng nini Kertareja,
Srinthil dirapalna mantra pengasih neng mbun-mbune. Alis lan lambene uga
dipasangi susuk emas mula Srinthil keton lewih ayu. Diiringi Sakum, wong picek
nin udhag pisan gole nabuh calung, Srinthil ngibing neng ngarepe wong Dhukuh
Paruk. Srinthil dadi emut-emutane kabeh wong Dhukuh Paruk, ning Srinthil ya
merekna wong-wong dadi padha kemutan babagan bongkrek sing merekna akeh bocah
Dhukuh Paruk kelangan, bapa-biyung lan sedulure.