PENG-PENG
Bakul
: Peng-peng.. Peng-peng.. ayo
dituku.. murah lan enak..
Anak
: tukuu paakk! Mak
nyuwun dhuwit nggo tumbas jajan
Mamake
: mashaAllah, jajan apa maning?
Mamake lagi ora dhuwit.
Bakul
: Pripun dek, siyos tumbas napa
boten?
Mamake
: Ora Pak, ngapunten nggih.
Bakul
: nggih bu
Anak : alah mamake
kepriwe si, nyong kepengin banget jajan peng-peng. Ya Allah duwe biyung ko pelite kaya kie
Mamake : geh angger ngomong di bener, aja jajan
sembarangan si ngapa.
Banjur
ramane teka nggawa jajan peng-peng
Ramane : Assalamualaikum
Anak
: Waalaikumsalam pak,
bapak saking pundi?
Ramane : Kie bar mancing trus
mampir warung tuku jajan produk anyar. Jenenge peng-peng
Anak
: Makkkk, kie ramane be
dhahar peng-peng. Nyong ya juga kepengin
Mamake
: Lah kepriwe si ramane malah ngajari
sing ora bener
Ramane : Kieh rungokna
disit ya pada. Peng-peng kue udu jajan sembarangan, nanging jajan sing digawe
saka bahan pilihan lan berkualitas terutama coklate sing enake pol.Dadi ora
mung enak, nanging nduweni gizi sing akeh. Isine uga ora cilik, teyeng nggo
ngganjel weteng pas lagi kencot. Lah regane kepriwe? Murahe pol jelase, tuku
5000 be wis teyeng tuku 5.
Mamake
: Ohalah, jebule kaya kuee, lah
kuudune mau tuku ya.
Anak
: Iya mak, kue mbok
temenan udu jajan sembarangan
Mamake : Yawis nganah
siki ko tak wei dhuwit nggo tuku jajane ya, sisan tuku nggo sangu sekolah
ngesuk
Anake
: Ya mak maturnuwun
Yuh
pada tuku Peng-peng jajan enak lan bergizi sing digawe saka bahan pilihan lan
berkualitas, teyeng nggo ngganjel weteng sing kencot. Regane murah, cocok nggo
bocah sekolah. Ana neng toko-toko seluruh Indonesia.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar