RIANTI
Jaman
biyen, ana randa sing urip neng cedhak kali Habaran karo 3 anake sing wadon
kabeh yaiku, Kinan, Rianti lan Ragil. Dheweke uripe rekasa, kanggo mangan saben
dinane be angel banget. Pegawean saben dinane yaiku nggoleti iwak neng kali
banjur di dol maring pasar. Kinan lan Ragil sregep banget mbantuni biyunge dodol
iwak neng pasar, nanging anake mbok randa sing jenenge Rianti kuwe kesed
banget, ora tau mbantuni dulur-dulure. Pegaweane mung dandan lan mrentahi mbok
randa.
Ing sawijining dina, mbok randa
menyang kali kaya biasane, arep nggoleti iwak nggo di dol maring pasar. Tekan kali, mbok randa kaget
banget ndeleng banyu kali sing butek banget.
“Lho,
biasane banyune bening, deneng siki dadi butek banget?” Mbok randa banjur
nyemplung maring kali, jebule banyu kaline adem banget. Akhire mbok randa balik
mentas maring pinggiran kali lan njagong neng ngisor wit.
Ijig-ijig
mbok randa krungu suara nyeluk-nyeluk jenenge. Barang di cedeki maring sumber suarane,
jebule iku mau suarane Penyu sing gede.
“ Lho, deneng ana penyu? Apa kowe mau sing
nyeluk-nyeluk aku?” Mbok randa takon maring Penyu kuwi.
“Iya
mbok, aku sing nyeluk kowe. Aku penyu sakti sing asale udu sekang kali iki. Aku
krungu kabar yen ana randa ayu sing senenge nggoleti iwak neng kene. Mula, aku
menyang kene, kanggo ketemu kowe” Penyu mau njelasna maring mbok randa.
“Lho,
ana apa deneng kowe arep nemoni aku?” Mbok Randa mandan kaget.
“Aku
ngerti yen uripmu iku susah, trus kowe nduwe bocah sing kesed banget ora tau
mbantuni kowe, mula aku kepengin ngajak kowe menyang papanku. Neng kana kowe
teyeng dadi wong sing kepenak Mbok.” Sang penyu ngajak mbok randa maring papan
panggonane
“Uripku
pancen susah, arep mangan be rekasa banget. Aku uga nduweni gadis wadon siji
sing kesed banget, nanging aku ora tegel ninggalake bocahku dhewekan.” “Ya ajak
bocahmu melu kowe menyang papanku.” Penyu kuwe tetep ngajak mbok randa.
“Yawis,
aku tek bali dhisit nemoni anak-anaku, ngesuk aku teka menyang kene maning.”
Tekan
ngomah, mbok randa nyritake kedadean sing nembe bae dialami neng kali mau. Mbok
randa ngajak anak-anake kon melu dheweke menyang papane si penyu raksasa.
Nanging Rianti ora gelem melu
“Mbok,
aku ora gelem melu menyang papane Penyu kuwi. Ora mungkin ana Penyu sing teyeng
ngomong karo manungsa mbok. Simbok aja ngarang lah!” bentak Rianti.
“Nduk,
simbok iki crita kedadean nyata. Udu cerita gawe-gawean.” Simbok njawab kanthi
sabar.
“wislah
mbok, yen arep pada melu penyu mau ya nganah. Aku tak neng kene wae.” Ujar Rianti
banjur mlebu maring kamar.
“Yawis,
nduk dhewek bae sing arep melu maring papan Penyu iku.” Mbok randa ngomong karo
Kinan lan Ragil kanthi mrembes.
“Nggih
mbok, simbok ampun sedih nggih” wangsul Kinan.
Esuk-esuk,
nalika Rianti tangi, Rianti kaget pisan. Wis ora ana wong neng umah. Dheweke
mung nemokake surat sing di tulis mbok randa nggo awake. Isi surate yaiku mbok
randa pamit lunga menyang papane Penyu sakti karo Kinan lan Ragil. Nek Rianti
arep nyusul simbok, Rianti kon lunga bae maring kali lan mbalang watu cilik
maring kali ping telu. Mengko Rianti bakal tekan neng nggone si Penyu sakti.
“Alah, apa iki? Mbok, mbok aku iku ora bakal
nyusul kowe mbok.” ujar Rianti neng njero ati.
Nanging,
nembe di tinggal sedina tok neng mbok randa, Rianti ngrasa kapiran banget. Amarga
biasane kebutuhane iku dilayani karo mbok randa.
“Deneng
ora ana panganan! Arep nginum be banyune langka!” Rianti misuh-misuh dhewek.
Banjur
Rianti mlebu maring njero alas arep nggolet panganan. Amarga ora tau maring
alas, dheweke malah kesasar neng jero alas lan ora teyeng bali maring umah.
“Aduh
kie kepriwe sih, urung olih panganan, malah kesasar neng alas. Simbok kowe neng
ngendi?” Rianti banjur nangis mbengok-mbengok.
Nalika
Rianti lagi nangis, ana pemuda sing krungu tangisane Rianti, banjur nyedaki.
“Ana apa mbak? Deneng nangis?” takon pemuda
kuwi maring Rianti.
“Aku
kesasar neng jero alas ora teyeng bali maring umah.” Rianti njawab karo nangis.
“Umahmu
neng endi mbak?” takon si Pamudha
“Neng
cedhak kali, nanging aku ora ngerti dalane” Rianti esih nangis.
“Yauwis,
ayuh melu maring umahku bae, kowe teyeng nginep neng kana.” Sang pamudha ngajak
Rianti maring umahe.
Rianti manut bae. Neng kana Rianti diwei
panganan sing enak lan papan kanggo turu.
Amarga
rupane Rianti sing ayu, si pemudha banjur
tresna karo Rianti. Akhire, si pemudha ngelamar Rianti. Rianti lan si
Pemudha urip begya. Sikape Rianti sing senenge males-malesan suwe-suwe ilang.
Amarga krasan urip karo si pamudha, Rianti ora kemutan maning karo mbok Randa.
Sawise 3 wulan nikah, sikap awale Rianti sing
senenge males-malesan lan seneng mrentah ijig-ijig metu maning. Si pamudha ora
seneng karo sikape Rianti kuwi. Mula, si pamudha banjur ngomong karo Rianti
“Bojoku,
kowe iku calon biyung nggo anak-anake kita mbesuk. Angger kowe nduweni sikap
sing ala kaya kie si ngesuk anake kita arep dadi apa? Owahana sikapmu kuwi”.
Nanging Rianti ora ngrungokna nasehate bojone,
dheweke tetep males lan seneng mrentah.
Saking
ora tahane si pamudha ndeleng sikape Rianti, si pamudha banjur nggawa rianti
menyang kali.
“Mas, ngapa sih kowe nggawa aku maring kali??”
Rianti keweden.
Jebule si pemuda arep nggawa Rianti maring
papane penyu sakti sing di tekani mbok randa.
Tekan
papane penyu sakti, Rianti ndeleng mbok randa sing lagi nangis neng ngarep
watu.
“Kae deleng mbokmu. Sing saben dina nangisi
kowe” mbentak si pemuda.
“Kae
mung wong sing cengeng” Rianti mbales mbentak.
“Cedhaki
dhisit mbok mu, nduk” si pamudha ngomonge tambah alus.
Nalika
di cedhaki, Rianti kaget banget ndeleng matane mbok randa sing wis bolong
amarga nangis kesuwen. Rianti banjur meluk mbok randa lan nangis,
“Mbok,
Rianti nyuwun pangapunten mbok. Rianti gadhah kathah sanget kelepatan”.
“Wislah,
kowe iki wis ora kemutan karo biyungmu mbok? Kowe wadeh maring biyungmu mbok?”
mbok randa mbentak Rianti.
Rianti
mung teyeng nangis ndeleng keadaane mbok randa.
“Aku
ngutuk kowe dadi watu nduk, kutukan kuwe bakal temenan kelakon kajaba aku ngampuni
kowe. Nanging, aku wis ora teyeng ngampuni kowe maning nduk!” Mbok randa
mbentak karo nangis maning.
“Aja
matur kaya kuwe mbok, kie tempat suci. Aja ngutuk wong sembarangan!” ujar si pamudha
sing jebule jelmaan sekang penyu sakti.
Nanging kutukan wis temenan kelakon maring
Rianti. Alon-alon, sikile Rianti malik dadi watu, trus mrambat maring sekujur
awak. Nanging ana sing aneh, jebule kutukan kuwi uga mrambat maring wong neng
sekitare. Kutukan watu iku mrambat maring awake mbok randa. Akhire mbok randa
lan Rianti malik dadi watu amarga kutukane mbok randa.
“Nah,
kuwi akibate ngutuk wong sembarangan. Iki iku tempat suci” Si penyu mau
njelasna maring anake mbok randa Kinan an Ragil sing trenyuh ndeleng kedadean
sing dialami biyung lan dulure. Nanging penyu mau nyoba nglipur cah loro kuwi
kanthi nggoletake bojo sing bagus rupane lan urip sing kepenakan. Akhire anake
mbok randa, si Kinan lan Ragil urip begya karo bojone selawase.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar